Wengi sepi sinambi ngopi,
Kopi asli Gresik pinasthi,
Angalempit saududan,
Angenteni tumetese udan,
Kinancan swarane ratri,
Manuk engkak ngakak gegirisi,
Girise manah ngenteni sayah,
Wayah anguk jroning lemah,
Karatone adipati,
Kang kasuwun, apura dening Gusti,
Mangerti sejatine pati,
Nanging uripe ra ngerti,
Urip kanggo pati,
Kapati jroning ngaurip.
Aji Sura
