Aku iku sapa??
Aku sawijining
manungsa,
Saka sakehing
manungsa,
Manungsa iku
apa??
Manungsa iku
Sawijining makhluk,
Saka sakehing
makhluk ing donya,
Donya apa iku??
Donya ya
sawijining alam,
Saka akehe alam
kang cinipta dening Gusti,
Dene Gusti ya mung
sawiji,
Sawiji kang
patut antuk puja lan puji,
Saka sakehing
dat kang cinipta dening Gusti.
Manungsa ya mung
bisa,
Dikir, pikir,
uga ngamal soleh
--Aji Sura--

