Sasi sela aneng sala, sawetara amiyata,
Jur kelingan rasane sesandhingan,
Mangka mangsane uwis ganti,
Gantine ati kang kokkanthi,
Ngetutake laku cakra rodha donya,
Nok..
Jenang gula masa ta lali,
Nalikane ngudarasa,
Rasa jroning nala,
Angur nala seje raga,
Nok..
Ngaras grana lawan hawa,
Amung sedhela bisa lega,
Angger pethuk ing sanyata,
Sasat rata lan turangga,
Lamun ta bisa lumakua,
Lakune beneh bisa genah,
Yen ta kusire datan ana,
Swara ratri marak rahina,
Ndedel wayah gayuh wiyati,
Adoh pnjangkah rasa manah,
Ngayunake rasa tan bisa bali.
Jie, 29 Sela
1946

