Wewayangan kang kasawang aneng netra,
Minangka tandha rasa wuyung,
Wurung kalakon bisa pethuka,
Nadyan jero nala tansah suwung,

Amung pracima-purwa kang megat jane,
Kaya kiyi kadung kabanjur pamilihe,
Ngaras grana lawan hawane,
Ndah bungah kang rasa, pethuk lawan dasihe
Aji Sura

Leave a Reply