Ampuh pangucapmu Ki,
Tanpa sira sepa tanpa daya,
Lakune lakon, lumaku lantaranmu,
Manut maton metune ucap,
Pocapan kang ngemu pepeling,
Eling-eling kang murbeng agesang,

Uga manungsa bisa apa??
Tanpa rasa ingkang sejati,
Sejatine ingkang cedhak ing ati,
Kanthi laku muga bisa ngerti,
Ngerti kang tinakdir lan tinulis,
Ya manungsa amung bisa,
Dikir, pikir, uga ngamal soleh
--Aji Sura--



Aku iku sapa??
Aku sawijining manungsa,
Saka sakehing manungsa,
Manungsa iku apa??
Manungsa iku Sawijining makhluk,
Saka sakehing makhluk ing donya,
Donya apa iku??
Donya ya sawijining alam,
Saka akehe alam kang cinipta dening Gusti,
Dene Gusti ya mung sawiji,
Sawiji kang patut antuk puja lan puji,
Saka sakehing dat kang cinipta dening Gusti.

Manungsa ya mung bisa,
Dikir, pikir, uga ngamal soleh
--Aji Sura--



Berawal dari tepi pembaringan ,
Kuawali hari yg membosankan,
Sebosan si Kuncung tanpa mainan,
Padahal baru saja kumainkan mainan,
Mainan yg berserakan, berserakan di tepi jalan,
Jalanan jalang yg jarang orang mau berkawan,
Aneh bukan,
Di jalanan jalang yg orang enggan berkawan,
Orang-orang bergerombolan dan berkawanan,
Di jalanan jalang yg katanya tak terambah peradatan,
Aku yg baru dan tak tahu laku yg harus dilakukan,
Dengan etika jalanan, disambutnya aku dengan pelukan,
Peluk hangat tanda perkawanan, berkawan jalang jalanan
Kini, tak tahu aku berapa lama aku berkawan,
Bermain dengan mainan jalang jalanan,
Ketika bosan, adakah tempat untuk pelarian
Aji Sura,14 Mulud 1947
Mahasiswa senapating nagri,
Ingkang sampun tinakdir ing jaman,
Putra jaman karepane,
Dikir pikir tan kantun
Amal soleh ywa nganti keri,
Dikir kanggo waspada,
Ing sasmitanipun
Pikir ngolah rasa cipta,
Pinercayan ngamal soleh ing negari,
Mangun mulyaning  bangsa.